Komunitas lan Panggonan Makarya kanggo Profesional Basa

Luwih saka 1,434,465 panjarwa profesional lan perusahaan jarwan

Golek proyek utawa rekrut ing ProZ.com, nanging iki ora mung situs pakaryan mandhiri sing biasa-biasa wae…

Amarga ProZ.com nduweni misi sing beda

ProZ.com nduwe misi kanggo nggregetake profesional industri basa supaya bisa nggayuh tujuan bisnis lan maujudake potensine nganti maksimal. ProZ.com nindakake iki kanthi: tuhu setya tumrap kasuksesane anggota, nyedhiyakake akses menyang alat modern, menehi kawruh lan inspirasi, sarta nyurung kolaborasi ing antarane para profesional sing nduwe pamikirane positif lan padha.

Fokus marang wong lan pakaryan sing ditindakake ndadekake ProZ.com panggonan sing efektif kanthi unik kanggone pamengku proyek kanggo nemokake panjarwa mandhiri lan perusahaan jarwan. Akeh situs liyane sing mung ngamot profil statis kanthi tambahan sethithik ing direktorine.

Pandhaftarane gratis lan ora mbutuhake kredensial.
proz.com mission

T. Apa sing ndadekake ProZ.com unik?
J. Model kaanggotan ProZ.com. Iki sebabe…

Selaras karo pratelan misi ProZ.com ing ndhuwur, opsi kaanggotan bebayar kasedhiya kanggo panjarwa lan juru basa profesional, uga perusahaan jarwan, supaya komunitas entuk manfaat sing luwih gedhe.

Kaanggotan nuku alat lan layanan sing wis ditingkatake, sing khusus digawe kanggo ngapikake bisnis lan karier awitan.

Kabeh layanan ing ProZ.com nawakake akses menyang manfaat kanggo anggota sing mbayar. Contone, panyelehan prioritas ing direktori utawa akses tanpa wates menyang informasi manajemen risiko sing sumadhiya ing data Blue Board kanthi lengkap.

Kaanggotan menehi akses langsung menyang panjarwa lan perusahaan jarwan, tanpa komisi

Model kaanggotan unik ProZ.com tegese yen pamengku proyek lan panyedhiya layanan ngubungi liwat ProZ.com, pihak loro-lorone ora dikenani beya utawa wragad. Temoni klien utawa panyedhiya layanan, lan ubungane dadi kagungan panjenengan, tanpa wates cacahe, salawase.

Kabeh pihak entuk manfaat, ndadekake tuwuhe kapitayan sing terus-terusan kanggone komunitas sak njerone industri basa

Manfaat kasebut diterusake menyang anggota lan pamengku proyek supaya bisa mainake perane ing kasuksesane ProZ.com minangka komunitas online sing paling gedhe lan paling dipitaya, panggonane profesional basa bisa kanthi bebas maujudake ubungan makarya sing transparan lan blak-blakan.

proz.com outsourcing image

Panjarwa mandhiri utawa perusahaan jarwan?

Ndhaftar (gratis)

Bisnis global

google logo
nikon logo
netflix logo
target logo
microsoft logo

Ndeleng ProZ.com sak tleraman

Pitakonan jarwan paling anyar sing ditakokake liwat KudoZ™

Diskusi forum: paling anyar

Acara ProZ.com sing arep dianakake (online lan offline)

Warta jarwan paling anyar:

All of ProZ.com
  • All of ProZ.com
  • Tlusur istilah
  • Proyek
  • Forum
  • Multiple search